Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

pangerten Wawan gunem / Wawancara lan jinis-jinise



Wawan gunem / Wawancara

Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dina iki kita arep sinau basa jawa. Ing postingan iki arep dibahas apa kuwi sing arane wawangunem utawi wawancara. Sadurunge wawangunem, kudu ngerti apa iku sing diarani wawangunem, apa wae jinis-jinise, apa wae sing disiapakae, lan kepriye tata kramane wawangunem. Langsung wae kita bahas siji-siji ing ngisor iki.

Pangerten
Wawangunem yaiku salah satunggaling kagiyatan kanggo golek informasi saka wong liya (narasumber).

Babagan sadurunge wawangunem :
1.      Nemtokake topik wawangunem.
2.      Nemtokake irah-irahan.
3.      Golek narasumber, wektune kapan, panggonane ning endi.
4.      Ndamel pitakonan.
5.      Nyiapake cathetan lan piranti wawangunem (buku, pulpen, kamera, recorder, lsp).
6.      Wawangunem.
7.      Ndamel laporan wawangunem.

Unggah-ungguh lan tata krama wawangunem
1.      Teka pas wektu sing dijanjekna.
2.      Panggone kudu sing sopan lan rapi.
3.      Aweh kawigaten sing temen.
4.      Kudu bisa ngringkes wangsulan saka narasumber sing dawa lan akeh.

Jinis-jinising wawangunem
1.      Wawangunem miturut ancas (tujuan) :
·         Wawangunem golek informasi.
·         Wawangunem golek pedamelan.
·         Wawangunem golek sistem administrasi.
2.      Wawangunem miturut tiyang ingkang diwawancara :
·         Wawangunem individual.
Tuladha : Wawangunem maring tukang bakso.
·         Wawangunem kelompok.
Tuladha : Wawangunem maring grup band, pemain sepak bola.
3.      Wawangunem miturut peranan kang ngawontenake wawancara :
·         Wawangunem terkontrol
Yaiku wawangunem sing terstruktur utawi ana persiapan sadurunge wawangunem.
·         Wawangunem ora terkontrol
Yaiku wawangunem sing ora ana persiapan utawi dadakan. Tuladha : Wawangunem yen ana tawuran, kecelakan, lsp.


Sawise ngerti apa iku wawangunem, kita bisa praktek wawangunem kanthi bener lan tetep ngurmati narasumber. Samene wae postingan kula, mugi-mugi manfaat. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr Wb
0 Komentar untuk "pangerten Wawan gunem / Wawancara lan jinis-jinise"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top