Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

Tembung Camboran lan Tuladhane




Tembung Camboran lan Tuladhane



Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dinten punika kula arep posting materi basa jawa yaiku tembung camboran. Ing postingan iki arep dijlentrehake apa iku sing arane tembung camboran lan tuladha-tuladhane tembung camboran.
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji lan tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar.
Tembung camboran sing baku mung ana loro yaiku camboran wutuh lan camboran tugel.
Tembung camboran wutuh yaiku tembung kang dicampur awujud tembung-tembung sing wutuh.

Tembung camboran wutuh miturut tegese kabagi loro, yaiku :
1.      Tembung camboran tunggal
Tembung camboran tunggal yaiku tembung camboran kang tembung-tembunge linggane ora kanggo negesi tembung.
Tuladha :
Saking dene wis mbalung sungsum ora bisa diilangi.
Tembung mbalung sumsum tegese manunggal/nyawiji karo jiwane. Dudu sungsume balung.
Tuladha liyane :
·         Randha royal (panganan tape goreng)
·         Nagasari (panganan saka trigu)
·         Kuping gajah (panganan sing warnane coklat karo putih)
·         Lare angon (jenise sing arane ula)
·         Semar mendem (panganan saka beras ketan)
·         Rajalele (beras sing pulen/apik)
2.      Tembung camboran wudhar
Tembung camboran wudhar yaiku tembung camboran kang tegese isih ana gegayuhan karo tembung linggane.
Tuladha :
Keluarga Pak Joko ngupengi meja makan.
Aku mangan nganggo sendok garpu.
Tembung meja makan, sendok garpu tegese isih ana gegayutan karo teges tembung lingggane.
Tuladha liyane:
·         Andum slamet
·         Tela rambat
·         Pager bata
·         Buku gambar
·         Buku tulis
·         Anak lanang



Semene wae postingan kula, mugi-mugi manfaat. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr Wb
0 Komentar untuk "Tembung Camboran lan Tuladhane"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top