Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

Wangsalan lan tuladhane





Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dinten iki kula arep posting pelajaran basa jawa. Postingan dinten iki babagan wangsalan. Ana sing ngerti ora? Yen ora ngerti ya dakwenehi ngerti apa iku sing arane wangsalan. Ing postingan iki isine pangerten lan tuladhane wangsalan. Wangsalan iki bisa digunakake kanggo kandha biasa utawa guyon, uga bisa digunakake ing acara resmi kayata ing pidato basa jawa lan liya-liyane. Langsung wae diwaca ing ngisor iki supaya paham.

A.    Pangerten wangsalan
Wangsalan yaiku ukara kaya cangkriman (tebakan) nanging batangane (jawabane) wis ana sanajan mung sinandhi (rahasia).
B.     Tuladha
1.      Aja njenang gula lho, le!
(jenang gula : glali, dadi : lali)
2.      Anak-anak sampun nganak kodok, pecicilan.
(Nganak kodok : precil, dadi : pecicilan)
3.      Balung geni, bokmenawa cekap semanten ingkang dados atur kula.
(Balung geni : wangwa, dadi : bokmenawa)
4.      Balung jagung, sampun janggelan menawi wonten keladuking wicara.
(Balung jagung : janggel, dadi : janggelan)
5.      Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti.
(balung klapa : bathok, dadi : ethok-ethok)
6.      Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak.
(rokok cendhak : tegesan, dadi : neges-neges)
7.      Esuk-esuk kok wis nggodhong garing.
(godhong garing : klaras, dadi : nglaras)
8.      Kembang jambu, kemaruk duwe sepedha anyar.
(kembang jambu : karuk, dadi : kemaruk)
9.      Mrica kecut sauni-unimu.
(mrica kecut : woh wuni, dadi : sauni-uni)
10.  Roning mlinjo, yen wis sayah kena ngaso.
(roning mlinjo : so, dadi : ngaso)


11.  Sarung jagung, bobot timbang kowe sing nanggung.
(sarung jagung : klobot, dadi : bobot)
12.  Saupami dipundangu sampun nglemah bengkah, nyela-nyela.
(Nglemah bengkah : nela, dadi : nyela-nyela)
13.  Sekar aren mas, sampun dangu-dangu.
(sekar aren : dangu, dadi : dangu-dangu)
14.  Wah, kok njanur gunung.
(janur gunung : aren, dadi : kadingaren)
15.  Kawi gajah, kramaning watu ing jarwa.
Mesthi tetep, angugemi Pancasila.
(kawi gajah : esthi, dadi : mesthi)
(kramaning watu : sela, dadi : Pancasila)
16.  Kolik priya, wanara Anjani putra.
Tuhu eman, wong enom wedi kangelan.
(kolik priya : manuk tuhu, dadi : tuhu)
(Anjani putra : Anoman, dadi : enom)
17.  Roning kamal, putrane Pandhita Durna.
Mumpung enom, ngudia laku utama.
(roning kamal : sinom, dadi : enom)
(putrane Pandhita Durna : Aswatama, dadi : utama)
18.  Witing klapa, jawata ing ngarcapada.
Salugune, wong sinau aja sembrana.
(witing klapa : glugu, dadi : salugu)
(jawata ing ngarcapada : wong, dadi : wong)

Samene wae postingan kula. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr Wb



0 Komentar untuk "Wangsalan lan tuladhane"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top