Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

Tembung Dasanama Lengkap

Tembung Dasanama Lengkap

Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dina iki kula arep posting materi basa Jawa tembung dasanama. Dasanama iku tegesé manéka warna utawa sesebutan liyané kanggo sawijining paraga utawa manungsa. Lumrahé dasanama iku kanggo njenengi paraga wayang sing duwé jeneng punjul siji. Tembung iki asalé saka basa Sangskreta daśanāma lan kanthi harafiah tegesé "sepuluh jeneng". Tembung iki sawijining kompositum ajenis dvigu. Dasanama uga bisa diarani tembung-tembung kang tegesé isih nunggal-misah. Tegesing tembung-tembung mau kèh-sethithiké isih padha,mirib utawa mèmper, sing diarani sinonim. Dadi dasanama iku kena diarani kadidèné kamus sinonim. Saliyané kanggo mbédak-mbédakake pengertèn kanthi premati, anané tembung-tembung mau uga bisa kanggo variasi, supaya tembung-tembung kang digunakaké ora mung iku-iku baé. Ing ngisor iki tuladhane tembung dasanama.

1. abang              = abrit, ambranang, dadu, jingga, merah, rekta.
2. anak                = atmaja, putra, suta, siwi, sunu, tanaya, weka, yoga.
3. angin               = bayu, braja, maruta, prahara, pawana, riwut, samirana, sindhung.
4. alas                  = jenggala, wana, wanadri.
5. arep                 = apti, arsa, ayun.
6. asu                   = sona, srenggala.
7. ati                    = driya, galih, kalbu, nala, panggalih, prana, tyas, wardaya.
8. awak                = angga, raga, tubuh, badan, kuwanda, salira.
9. bagus               = pekik, respati, sigit, sulistya.
10. bangke           = jisim, kunarpa, kuwanda, mayit, wangke, sawa.
11. banyu             = her, jala, ranu, tirta, tuban, udaka, warih, we.
12. bantheng        = andaka, angun-angun, jawi, nandaka
13. bapak             = rama, sudarma, sudarmi, yayah.
14. bledheg          = bajra, erawati, gelap, guntur.
15. bodho             = blilu, dama, jugul, kumprung, mudha, pengung, pingging, punggung.
16. bumi    = bawana, buwana, bantala, basundara, basundari, butala, buntala, jagad, kisma, mandhala, pratala, pratiwi, siti.
17. bungah           = gembira, girang, harsana, harsaya, suka rena, trustha, wijah.
18. buta                = asura, danuja, diyu, ditya, denawa, jaksa, kelana, raseksa, wil.
19. dalan              = dlanggung, enu, gili, hawan, lebuh, lurung, marga, ratan, sopana.
20. desa                = dhekah, dhukuh, dhusun.
21. dewa               = apsara, bathara, dewata, hyang, jawata, sura, widadara.
22. dhuwur           = bentar, dhuhur, inggil, luhur, punjung.
23. dhuwit            = ardana, arta, picis, yatra.
24. emas               = jene, kanaka, kancana, rukma, rukmi, suwarna.
25. endah              = alep, listya, peni, raras, resmi, respati.
26. gajah               = asti, dipa, dipangga, dirada, esthi, liman.
27. gaman            = badhama, sanjata.
28. gawe              = kardi, karya, karti.
29. geni               = agni, api, apyu, brama, dahana, pawaka.
30. getih              = ludira, rudhira.
31. gludhug         = grah, gumita, guntur, pater, guruh, ketug.
32. gunung          = aldaka, ancala, arga, ardi, giri, meru, parwata, prabata, wukir, arditi.
33. ibu                 = biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi.
34. ijo                  = royo-royo, wilis.
35. inten         = barleyan, jumerut, herlaut, kalengka, kumala, manik, retna, musthika, sesotya, widuri.
36. ireng             = langking, kresna.
37. iwak              = matswa, mina, ulam.
38. jaran              = aswa, kapal, kuda, swa, titihan, turangga, undhakan, wajik.
39. jeneng           = asma, jejuluk, parab, rum-rum, sambat, wewangi.
40. kali                = bengawan, narmada, banawi.
41. kanca             = kanthi, rewang, rowang.
42. kaya               = kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha, yayah.
43. kebo               = maesa, misa, mundhing.
44. kembang        = kusuma, padma, puspa, puspita, sari, sekar.
45. keris               = curiga, katga, patrem, suduh, wangkingan.
46. kereta             = rata, ratangga, pedhati, wimana, yana.
47. kesengsem  = brangta, brangti, gandrung, kandhuhan, kasmaran, krungrungan, mangunkung, lengleng, wulangun.

48. kethek           = juris, kapi, palwaga, rewanda, wanara, wre.
49. kraton            = dhatulaya, kadhaton, kadhatun, pura, puri.
50. kuning           = jenar, kapuranta, pita, jene, punar.
51. lanang            = jaler, jalu, kakung, priya.
52. langit          = akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyata, wyat.
53. lara                  = agring, gerah, gering, roga.
54. lintang             = kartika, sasa, sudama, taranggana, wintang.
55. macan              = arimong, mong, sardula.
56. manuk             = kaga, kukila, paksi.
57. mata                = aksi, eksi, mripat, netra, soca.
58. mati              = antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, mancal, donya, murud, padhem, palastra, pralaya, pralena, seda, tinggal donya.
59. misuwur       = kajanapriya, kajuwara, kalok, kaloka, kasub, kawarti, kasusra kawentar, kaonang-onang, kombul, kondhang, kongas, kontap.
60. nom                 = mudha, taruna, timur.
61. omah               = bale, dalem, griya, sasana, graha, panti, wisma, yasa.
62. panah              = astra, bana, jemparing, naraca, sara, warastra.
63. pandhita          = ajar, bagawan, biksu, dwija, dwijawara, maharsi, mahyeksi, muni, resi, suyati, wiku, wipra, yogiswara.
64. pangan           = boga, boja, baksa, bukti, dhahar, madhang, nadhah, nedha.
65. paprangan      = bandayuda, pabaratan, palagan, payudan, rananggana.
66. pedhang         = candrasa, sabet.
67. perang            = bandayuda, jurit laga, pupuh, rana, yuda.
68. pinter             = guna, lebda, limpad, nimpuna, putus, wasis, widigda, widura, wignya.
69. putih              = dwala, pingul, seta.
70. rambut           = keswa, rema, weni.
71. ratu           = aji, buminata, bumipala, bumipati, dhatu, katong, naradipa, naradipati, narpa,narpati, narendra, nareswara, nata, pamasa, parameswara, raja, sri, sribupati.
72. rembulan        = badra, basanta, candra, lek, sasadhara, sasangka, sasi, soma, sitaresmi, sitengsu, wulan.
73. rusak             = brastha, punah, rabasa, remak, rug, rurah, swuh.
74. sagara           = ernawa, jalanidhi, jladri, laut, samodra, tasik.
75. sedhih           = duhkita, kingkin, margiyuh, rimang, rudah, rudatin, rudatos, rudita, sungkawa, susah, tikbra, turida, wigena.
76. senapati        = bretyapati, hulubalang, narawara, senapatya, pramugari.
77. seneng          = girang, harsana, harsaya, sukengkapti, trustha.
78. serik             = eru, rengu, runtik.
79. sirah             = kepala, kumba, murda, mustaka, ulu, utamangga.
80. slamet          = basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana.
81. srengenge    = aditya, arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, diwangkara, pratangga, ratitya, radite, rawi, surya, we.
82. turu              = guling, nendera, sare.
83. udan            = jawah, riris, warsa.
84. ula               = sarpa, taksaka.
85. utusan         = caraka, cundaka, duta.
86. wadon         = dayinta, dyah, gini, juwita, kusuma, putri, retna, rini, wanita, wanudya.
87. weruh         = anon, myat, priksa, udani, uning, uninga, upiksa, wikan, wrin.
88. widadari     = apsari, bathari, dewi.
89. wong          = jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara.

Kapustakaan :
Abikusno, PEPAK BASA JAWA, Pen. Express, Surabaya, 1996.
https://jv.wikipedia.org/wiki/Dasanama 


Samene wae postingan materi basa Jawa tembung dasanama, mugi-mugi manfaat.
Wassalamu’alaikum Wr Wb



1 Komentar untuk "Tembung Dasanama Lengkap"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top